ASAL USUL BANYUWANGI DALAM BAHASA JAWA
Asal usul Banyuwangi dengan bahasa Jawa
Wonten ing jaman biyen ing panggenan ujung wetan Jawa Timur anggadahi
kerajaan ageng ingkang dipun perintah dhumateng Raja ingkang adil saha
wicaksana. Raja kasebut anggadahi putra ingkang gagah ingkang asmanipun Raden
Banterang. Kesenengan Raden Banterang inggih punika beburon.
“enjang niki kula badhe beburon wonten hutan, siapaken gaman beburon”
ngendikanipun Raden Banterang dhumateng para abdinipun. Sak sampunipun gaman
beburon sampun siap, Raden Banterang kalian pengiringipun tindak wonten hutan.
Nalika Raden Banterang mlampah kyambekan, Raden Banterang mersani kijang
mlampah wonten ngajengipun. Awak dewene enggal – enggal ngoyak kijang kasebut.
Saengga mlebet wonten ing jero hutan, deweke kepisah kalian pengiringipun.
“wonten pundi kijang kijang nembe \”, ngendikanipun Raden Banteran nalika
kelangan jejak buronanipun.
“badhe tak padosi terus dumugi angsa” tekadipun Raden Banterang nrobos
semak – semak saha kekayonan hutan. Ananging hayawan buronan kasebut mboten
saged dipun temukaken, deweke dugi wonten ing bengawan ingkang bening
toyanipun. Raden Banterang ngunjuk toya bengawan kasebut dumugi ical
ngelakipun. Sakderengipun ical ngelake, deweke ninggalake bengawan kasebut.
Ananging nembe pirang jangkah Raden Banterang mlampah, Raden Banterang tetemu
kalian lare estri ingkang ayu.
“ha ? Lare estri ingka ayu sanget? Nopo leres deweke manungsa nopo setan
penunggu hutan?” tanglete Raden Banterang wonten ing atinipun. Raden Banterang
wanikaken nyaketi lare estri niku
“sampean manungsa napa penunggu hutan ?” tanglet Raden Banterang.
“kula manungsa” wangsuli lare estri niku kalian mesem.
Raden Banterang ngenalake awak dewenipun. Lare estri niku wangsuli “kula
Surati saking kerajaan Klungkung” “kulo wonten mriki amargi nyelametaken awak
dewe kula saking serangan mungsuh. Romo kula sampun gugur wonten ing
mempertahanaken mahkota kerajaan” jelasipun.
Mirengaken pangendikan lare estri punika, Raden Banterang kaget mersani
derita putri Raja Klungkung niku, Raden Banterang enggal – enggal nulungi lan
ngajak wangsul wonten keraton. Mboten dangu sateruse raden Banterang saha
Surati nikah lan mbangun keluarga ingkan bahgia.
Wonten ing satunggaling dinten, putri Raja kalungkung tindakan kyambekan
menyang njaba keraton,
“Surati !, Surati !”nyeluk tiyang jaler ingkang penganggonan compang –
camping.
Sak sampunipun mersani rahi tiyang jaler punika, awak dewene nembe sadar,
ingkang wonten ngajengipun inggih punika kakang kandungipun ingkang asmanipun
Rupaksa. Maksud tekanipun Rupaksa inggih punika badhe ngajak adinipun supayane
balas dendam, amargi Raden Banterang sampun mateni ayahandanipun. Surati
nyeritakaken yen awak dewene badhe dipun nikahi Raden Banterang amargi sampun
anggadahi utang budi. Surati mboten purun mbantu ajakan kakang kandungipun.
Rupaksa nesu mirengaken wangsulan adinipun. Ananging, awak dewene sempet
maringi kenangan arupa tali sirah dhumateng Surati
“Tali sirah niki kudu sampean simpen wonten ngandap panggenan tileme
sampean” pesen Rupaksa.
Tetemuan Surati kalian Rupaksa mboten dipun mangertos dateng Raden
Banterang, amargi Raden Banterang saweg beburon wonten hutan. Sak nalika Raden
Banterang wonten ing tengah hutan, pandangan mripatipun dipun kagetaken
dhumateng tekanipun tiyang jaler ingkang penganggonan compang – camping.
“Tuan kula, Raden Banterang, keselametan panjenengan saweg cilaka ingkang
dipun rencanakaken dhumateng istri panjenengan kyambek” ngendikane tiyang jaler
niku
“panjenengan saged mersani buktinipun, kelawan mersani tali sirah ingkang
dipun simpen wontenngandap panggenan sare panjenengan. Tali sirah niku gadah
tiyang jaler ingkang nyuwun pitulungan kangge mateni panjenengan” jelasipun.
Sak sampunipun ngendika, tiyang jaler punika ical secara misterius. Raden
Banterang kaget mirengaken pangendikan tiyang jaler wau. Awak dewene enggal –
enggal wangsul wonten keraton. Sak sampunipundugi keraton, raden Banterang
enggal – enggal menyang wonten peraduan istrinipun. Dipun padosi tali sirah
ingkang sampun dipun ceritakaken tiyanng jaler menika.
“Ha !, leres ngendikanipun tiang
jaler wau! Tali sirah niki kangge bukti ! sampean damel rencana badhe mateni
kula, kalian nyuwun pitulungan dhumateng tiyang ingkang anggadahi tali sirah
niki” Ngarani Raden Banterang dhumateng istrinipun.
“ngoten niki nopo balesan sampean kangge kula?” ngendikane raden Banterang
.
“ampun ansal ngarani. Kula mboten nate anggadahi maksud mateni panjenengan,
nopo malih nyuwun pitulungan dateng tiyang jaler” wangsuli Surati.
Ananging Raden Banterang tetep wonten pendirianipun nek istrinipun ingkang
sampun dipun tulungi badhe nyilakani uripipun Raden Banterang. Sak derengipun
nyawanipun cilaka, Raden Banterang luweh riyen badhe nyilakani istrinipun.
Raden Banterang anggadahi niat nenggelemaken instrinipun wonten bengawan,
sak sampunipun dugi bengawan, Raden Banterang nyeritakaken tetemunan kalian
tiyang jaler compang camping nalika
beburon wonten hutang. Surati ugi nyeritakaken tetemuan kalian tiyang jaler
cojmpang – camping. Kados ingkang dipun jelasaken Raden Banterang.
“Tiyang jaler menika ingkang maringi tali sirah dhuaten kula” Surati
njelasaken maneh, supayane Raden Banterang saget luluh atinipun. Ananging Raden
Banterang tetep percoyo nek istrinipun badhe nyilakani Raden Banterang.
“Kang Mas kula ! bukak ati lan perasaan panjenengan ! kula saguh mati sing
penting kang mas selamet. Ananging, sukani kesempatan dhateng kula kangge
nyeritakaken tetemuan kula kalian kakang kandung kula ingkang asmanipun
Rupaksa” Ngendika Surati Ngelengaken.
“kakang kula ingkang badhe mateni kang mas ! kula dipun suwuni pitulungan,
ananging kula tolak !”
Mirenge hal kasebut, ati Raden Banterang tetep atos saha mnganggep
istrinipun ngapusi
“kang mas ! menawi toya niki dados wangi lan bening, berarti kula mboten
salah ! ananging, menawi tetep buthek lan mambu banget, berarti kula ngapusi !”
sentak surati
Raden Banterang nganggep pengendikan surati punika mung nganakaken, Saengga
Raden Banterang enggal –enggal ngetokaken keris wonten pinggang nipun.
Sesarengan punika, Surati mlumpat wonten tengah bengawan terus ical.
Mboten dangu, kedadean keajaiban mambu wangi sanget wonten ing sekitare
bengawan. Mersani kedadean punika, Raden Banterang ngendika kalian suara
gemeter
“istri kula mboten salah ! toya bengawan niki wangi ambunipun !” Raden
Banterang nyesel, awak dewene nangisi kematian istrinipu, lan nyeseli
kebodohanipun. Ananging, sampun telat.
Sak sampunipun kedadean punika, bengawan dados wangi, wonten basa jawa
dipun sebut Banyuwangi. Asma banyu wangi saterusipun
dados asma banyu wangi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar